PGRI Purbalingga Ngluncurna 399 Judhul Buku

Daftar Isi

 


PGRI Purbalingga
Ngluncurna 399 Judhul Buku



Ngrembakane
jagad literasi jaman sekiye pancen ngedhab-edabi. Apa maning bareng ditlisik
jebul bakat-bakat nulis nang endi papan akeh pisan. Semana uga nang tlatah
purbalingga. Bakat-bakat nulis mligine nang kalangan guru-guru ngrembaka kanthi
cepet. Kaya bendhungan bobol, tulisan-tulisan sekang kalangan guru metu kanthi
banter banget.  Puncake nalika HUT 74
PGRI lan HGN 2019, guru-guru nang tlatah Kabupaten Purbalingga ngluncurna 399
judhul buku sing dianggit dhening 225 guru sedawane wektu 10 wulan. Pancen
luwar biyasa. Peluncuran buku kuwe depandhegani dhaning Bupati Purbalingga, Ibu
Dyah Hayuning Pratiwi, S.E. B.Econ, MM. Lan ketua PGRI Kabupaten Purbalingga,
Sarjono, S.Pd, M.Si.



Nang kesempatan
kuwe deaturna buku-buku anggitane guru-guru Purbalingga kanggo bupati
Purbalingga, Ketua PGRI Purbalingga, Kepala Dinas Arsip lan Perpustakaan
Kabupaten Purbalingga, Ketua DPR Kabupaten Purbalingga, uga Kepala Dinas
Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Purbalingga.



Dyah Hayuning
Pratiwi, Bupati Purbalingga negesna wondene acara peluncuran buku kuwe dadiya
motipasi lan semangat kanggone guru-guru Purbalingga supayane obah, berkarya,
duwe prestasi, lan manpangat tumprape masyarakat, daerah, bangsa, lan negara
Indonesia.



Mbabarna 399
judhul buku pancen udu plekara gampang. Kejaba kuwe judul buku lan isine uga
ora sembarangan lan kudu duwe muatan pendhidikan merga sing nulis para guru.
Mulane organisasi PGRI ora lat gole nyengkuyung kegiyatan nulis tumprape guru.
Sing wis biyasa nulis dewei kalodhangan kanggo nggulawantah kanca-kanca guru
sing urung bisa nulis lan mesthine aweh motipasi kanggo kanca sejawat sing
nglokro merga rumangsa urung prigel gole nulis. Mulane antarane guru siji lan
sijne ora owel angger kudu aweh inpormasi bab kepriwe carne nulis sing bener.
Sekang guyub rukune para guru kasile bisa gawe marem sakabehane. Buku sing
kasil decetak ngosi 399 judhul.



Anane kewujud
399 judhul buku sing deluncurna kuwe uga wis suwe gole desiapna dening
pemerintah kabupaten Purbalingga kang depandegani dening para guru, pengawas,
koorwilcam, lan penerbit buku neng Purbalingga.



Ana patang
angkatan gole mujudna guru-guru prigel nulis buku. Sepisan pelatihan nulis sing
deanakna nang SD Negeri 1 Karangturi kecamatan Mrebet sing kegiyatane depeloni
dening guru lan kepala sekolah PAUD/TK, SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK ngasi gunggunge
124 guru. Kegiyatan keperang dadi rong werna, yakuwe in service training lan on
service training sing degulawentah dening Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayan
Kabupaten Purbalingga, Aman Mustofa (editor buku), Nokman Riyanto (layouter),
Edi Prastyo (praktisi penulis), lan owener Penerbit Buku nang Purbalingga.



Acara kapindho
ana neng SD Negeri 2 Kedungmenjangan Kecamatan Purbalingga. Angkatan telu
deanakna nang SD Negeri 2 Majasari Kecamatan Bukateja. Angkatan kaping papat
deanakna nang SD Negeri Bojongsari.



Kegiyatan-kegiyatan
sing mligine kanggo ningkatna motipasi guru-guru nulis ya ana pirang-pirang.
Kejaba pelatihan nulis buku uga ana kegiyatan pameran buku. Contone, nalika
pameran buku (expo) sing deanakna dening Dinas Arsip lan Perpustakaan Kabupaten
Purbalingga sing deanakna nang plataran Dinarpus, buku-buku anggitane para guru
uga depelokna. Mulane guru rumangsa marem merga buku-buku sing depamerna udu
mung karya guru ning uga sekang MKKS SMP/SMA, Perpusdes, lan Perpuseru
sekubenge Purbalingga. Literasi Purbalingga urip terus lan terus urip. Guru
mulya amarga karya. (Aman Mustofa, Pegiyat Literasi Purbalingga).


(sumber :
Kalawarti Ancas Nomer 116 / taun X / Edisi Januari 2020 kaca 6 – 7)

Posting Komentar